CONTOH PRANOTO ACORO BASA JAWA

Tuladha Atur Pambuka Panatacara Ing Pawiwahan Temanten

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بِسْمِ اللّهِ الرّحمن الرحيم الحمد لله الّذِي خَلَقَ مِنَ المَاءِ بَشَرًا فَجَعَلَهُ نَسَبًا وَصِهْرًا وَكاَنَ رَبُّكَ قَدِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ الاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهْ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَي سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْخَلْقِ وَالوَرَي. وَعَلَي ألِهِ وَاَصْحَابِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا كَثِيْرًا. أمَّا بَعْدُ.

 Kawula nuwun, Panjenenganipun para alim para kyai ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi, mirungganipun dumaten panjenenganipun bopo kyai……….soho kyai sanesipun ingkang mboten saget kawulo sebat asma setunggal lan setunggalipun, minangka panuntun kiblating panembah, satuhu luhuring budi ingkang sampun pono ing pamawas lebdo ing pitutur ingkang pantes pinundi soho kinakbeten.
Panjenenganipun para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dematen pepoyaning kautaman satuhu luhuring budi ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun para priyagung dharmaning nata, para sarjana sujaning budi. Para pangemban pangembating praja para satriyaning negari, minangka pamdam pamdoming para kawula dasih, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang sutrisna mudha wreda ingkang pantes sinudarsana, punapa dene para tamu kakung sumowono putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, mugi keparenga kawula hambuka wenganging wicara dwaraning kandha nun inggih mradapa awit saking keparengipun ingkang hamengku gati (Bp………), kawula piniji hanjejeri minangka pangendali wara, saperlu mratitisaken murih rancaking titi laksana adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Saderengipun kawula ngaturaken menggah urtut reroncening tata adicara, murih purwa madya wasana tansah manggihi rahayu kali sing rubedo nir ing sambekala, sumangga langkung rumiyin kawula derekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngersanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, awis agung barokah saha rahmatipun Allah SWT ingkah sampun rumentah dumateng kito sedaya, sehinggo kito saget hanglonggaraken penggalih kempal manunggal wonten ing sasana pahargyan mriki saperlu hanjenengi saha paring berkah pengestu dhumateng panjenenganipun bapa/ibu……………….. (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki.
Para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, wondene menggah urut reroncening tata adicara ingkang sampun rinacik, rinacang, rinumpaka dening para kawulawangsa nun inggih :
- Minangka purwakaning aadicara pahargyan, nun inggih waosal ummul kitab.
- Kalajengaken waosan ayat - ayat suci Al Qur’anul karim
- Atur pasrah temanten kakung
- ………………..
Mekaten menggah urut reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika, pramila sumangga kito wiwiti adicara ingkang sepisan nin inggih purwaka kanthi waosan suratul fatihah, wondene pimpinanipun kawula aturaken dhumetheng panjenenganipun Bp………………….. dhumatheng panjenenganipun ing wasana wekdal kasumanggaaken. Nuwun!
Matur nuwun kawula aturaken mugi - mugi khanthi waosan suratul fatihah kalawau adicara ing pahargyan punika saged kalampahan khanthi nir ing sambekala, nir ing sansoyo sak panginggilipun kali sing rubedo. Para rawuh para lenggah ingkang pantes sinudarsana, waosan ayat - ayat suci Al Qu’anul karim badhe kawaos dening bp…………………. Wekdal kasumanggaaken.
Sanadhan wus paripurna waosan ayat suci Al Qur’an dening tetuwangga ingkang piniji, parandene tasih kapireng suwantenipun lamat-lamat demeling akasa sumusup hima himantaka, saya ndedel nggayuh wiyati satemah maweh prabowo henelahi. Mratandani katarima pamintane mring gusti, mbabar kanugrahan suci, tumanduk panjenenganipun ingkang hamengku gati, ingkang katemeben hamiwaha putra mahargya siwi tetepo winengku ing suka basuki, lestari salami-lami, tur kathah rejeki, lumintu dhumatheng para rawuh kakung sumawana putri.
Para lenggah kakung putrid ingkang satuhu kinurmatan, salajengipun dumugi laksitaning tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon kadang besan. Wondene ingkang pinangka sulih salira nun inggih panjenenganipun Bp….……. Wekdal kasumanggaaken.
Mekaten para lenggah kakung saha putrid, atur pasrahipun Bp. ……. pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, khanthi prastawa cetha wijang wijiling pangandika kaduk ruruh hangarah prana ingkang salajengipun pasrah badhe katampi panjenenganipun Bp. ……….. minangka sulih sarira Bp. ……………. Sarimbit (ingkang mengku gati) wekdal kasumanggaaken. Nuwun!
Kanthi cetha terwaca atur panampi saking panjenenganipun Bp. ….. minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun dipun wonteni khutbah nikah wondene ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp. …………….
Paripurna khutbah nikah saking panjenenganipun Bp. ……… ingkang salajengipun ngancik tata upacara akad nikah /ijab qobul. Minangka wali ingkang dipun sarirani panjenenganipun Bp………….. saha Bp. ………….                          Ing salajengipun dhumatheng panjenenganipun para-para ingkang piniji sasana swasana kawula sumanggaaken, sumangga!
Para rawuh saha para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Ngancik adicara salajengipun nun inggih waosan donga/haspungkara. Wondene ingkang piniji kepareng badhe ngaturaken donga panjenenganipun Bp. …………… ingkang punika, sasana wekdal kasumanggaaken, sumangga!
Sampun paripurna waosan donga dening tetuwangga ingkang piniji. Mugi-mugi panjenenganipun Bp. ………….(ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki, semanten ugi temanten sarimbit anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan tansah sakinah, mawaddah, warahmah, atut runtut, ayem tentrem, bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu.
Para rawuh  saha para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, kados sampun paripurna tata adicara ing siang/ndalu punika, wiwit purwa, madya, wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng kali sing rubedo nir ig sambekala.
Hamung semanten panjenenganipun para rawuh saha para lenggah pahargyan ing ri kalenggahan punika, mila awit awal ngantos dumugi akhir kathah kekilapanipun saha kirangipun labed budi dayaning manungsa kirang sampurna ingkang sarta kirang pana anggen ngaturaken agenging sih samudra pangaksami.
وَاللهُ المُواَفِق الي أقْوَامِ الطَّارِق.والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

2 komentar:

Unknown mengatakan...

Maturnuwun engkAng tanto upami,meniko saget dipun damel panuntuning kwlo engkang sawek sinau acara mbk bilih waget klo nyuwun kiriman ipun tek meniko nuwun

Abqon robeth mengatakan...

monggo Copy paste mawon